Nyata Terjadi?!Ramalan joyoboyo
Dulu saat saya masih kecil orang-orang banyak yang bilang "jangan begini jangan begitu" "Nanti suatu saat (ini) akan terjadi" .
Ternyata dongeng - dongeng tersebut memang nyata adanya,,meskipun tidak dibilang langsung itu adakah ramalan joyoboyo tapi cerita yang sepenggal - penggal itu sudah dirasakan kebenaranya.inilah ramalan tersebut;
¤¤ mBesuk yen wis ono ¤¤
》》 kreto tanpa jaran (mobil),
》》 Tanah Jawa kalungan wesi (rel kereta api),
》》Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang (pesawat),
》》 Kali ilang kedhunge,
》》 Pasar ilang kumandhang'e,
》》 Iku tondho yen tekane jaman Joyoboyo wis cedhak.
》》Bumi soyo suwe soyo mengkeret,
》》Sekilan bumi dipajeki,
》》 Jaran doyan mangan sambel,
》》Wong wadon nganggo pakeyan lanang
》》 Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking jaman.
》》Akeh janji ora ditetepi,
》》 Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe,
》》 Menungso podho seneng nyalah,
》》 Ora ngendahake hukum Alloh ,
》》 Barang jahat diangkat-angkat,
》》 Barang suci dibenci,
》》 Akeh menungso mung ngutamakke dhuwit,
》》 Lali kamanungsan,
》》 Lali kabecikan,
》》 Lali sanak lali kadang.
》》 Akeh bopo lali anak,
》》 Akeh anak wani nglawan ibu,
Nantang bopo,
》》 Sedulur podho cidro,
》》 Kulawargo podho curigo.
》》 Konco dadi mungsuh.
》》 Akeh menungso lali asale,
》》 Ukuman Ratu ora adil.
》》 Akeh wong pangkat sing jahat,
》》 Akeh kelakuan sing ganjil,
》》 Wong apik-apik podho kapencil,
》》 Akeh wong nyambut gawe apik-apik podho ngroso isin,
》》 Luwih utomo ngapusi,
》》 Wegah nyambut gawe.
》》 Kepingin urip mewah,
》》 Ngumbar nafsu angkoro murko, nggedhekake duroko,
》》 Wong bener thenger-thenger,
》》 Wong salah malah bungah,
》》 Wong apik ditampik-tampik,
》》 Wong jahat munggah pangkat
》》 Wong agung kasinggung,
》》 Wong olo kapujo,
》》 Wong wadon ilang kawirangane,
》》 Wong lanang ilang kaprawirane
》》 Akeh wong lanang ora duwe bojo,
》》 Akeh wong wadon ora setyo marang bojone,
》》 Akeh ibu podho ngedol anake,
》》 Akeh wong wadon ngedol awake,
》》 Akeh wong ijol2an bojone.
》》 Wong wadon nunggang jaran,
》》 Wong lanang linggih plangki,
》》 Rondho seuang loro,
》》 Prawan seaga lima,
》》 Dudho pincang laku sembilan uang.
》》 Akeh wong ngedol elmu,
》》Akeh wong ngaku-aku,Njobone putih njerone dhadhu,
》》 Ngakune suci, nanging sucine palsu.
》》 Akeh bujuk akeh lojo,
》》 Akeh udan salah mongso,
》》 Akeh prawan tuwo,
》》 Akeh rondho nglairake anak,
》》 Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapak'e.
》》 Agomo akeh sing nantang,
》》 Prikamanungsan soyo ilang.
》》 Omah suci dibenci,
》》 Omah olo soyo dipujo.
》》 Wong wadon lacur ing ngendi-endi,
》》 Akeh laknat,
》》 Akeh pengkhian
Itulah beberapa ramalan joyoboyo yang sudah hampir semua jadi kenyataan.
Lalu apakan dengan begitu semua akan berakhir.??dunia hancurManusia Kembali??ALLAHUALAM

0 Response to "Nyata Terjadi?!Ramalan joyoboyo"
Posting Komentar